Kaca:Kidung Panji Sumirang Or. 19.586.pdf/87

Saking Wikisource
Kaca puniki sampun kauji-wacén

KIDUNG PANJI SUMIRANG, GERIA GDE BALAYU. 85

106b|Wus adoh dén-ya lumaris,
jurung predung linampahan,
107a|sigra prapténg Katanggaran,
wétning sih ing Widdi,
eraryyan ri geger alangu,
kawuban angsanna mayung,
rinubungan ing pusphalit,
brahmara umung ngisep santun. 69.

Mangamulet rumning sakaksi,
kadyasuguh raras,
panjrah ing paspharum,
pan kadang pantaran ing,
asuji wor karthika langu,
panjrah ing kusuma,
langun-ya malangunin,
twasning kawyasmara marang rum-/
rum. 70.

Dyah Pusphesari angling sing-/
gih Pangéran,
awlas Pakanira,
penggringgring kembang gadung,
pantes umunggwing wéni,
sang inaturan engucap,
undhuhen puspha iku,
maka ginrantangan,
lakwan nikang kaméni,
wus kondhukéng puspha kahatur,
tinatta tuhwalangu. 71.

Akwéh kang wong prapti mengha/
umulat,
katon Sang Hyang Smara,
tumut Sang Hyang Sitangsu,
turun ana ring bhumi,
prapta Buyutting Katanggaran,
107b|Si Wyagghrasura jujuluk,
sawismaya mulat,
sumuyug marepekki,
mendekkanembah umatur,
duh singgih Sang Hyang tumurun. 72.

Samakne wong kasési,
langgya atur ring ghathare,
sidéng kapti piniwruhan,
mulanning Sang Hyang prapti,
ndi sangkan paran Pukulun,
alamma ngong angatpadda,
wawu prapta Sang Hyang Widdi,
enurunin ke wong dusun-dhusun.73.

Asmu guyu Sanga Panji,
ih dudu ujer ira,
ingsun wong ina pengumbaran,
lumaku kamédhi,
yén ana sredhah anuku,
sasolah ing inna araya,
kang Buyut sukka angapi,
awotsari marnara amuwus. 74.

Duh singgih Sang murtinning/
rawit si.....ira,
ring dusun nir gunne,
apti anuku Pukulun,
sinolah ing rong ketti,
dén sih alungguh ring Paryyangan,
kahule apti tumurut,
Lampah Pakanira,
angaturana padahi,
108a|Sang inatunan asmu guyu,
anuli sira lumaku. 75.

Gumuruh wong angiring prap-/
ting Paryyangan,
akwéh kang wong prapta,
sama atur pasusuguh,
kang tadhah alep asri,
mamanissen badég mwang kilang,
sopacaran-ya alangu,
sampun wus anadhah,
ra wong ira anyarik,
muni kang padahi gumuruh,
kang wong suke angrungu. 76.