Kaca:Kidung Panji Sumirang Or. 19.586.pdf/86

Saking Wikisource
Kaca puniki sampun kauji-wacén

KIDUNG PANJI SUMIRANG, GERIA GDE BALAYU. 84

105b | Asmu guyu Radén Déwi,
kaka Sang Dyah anglung raggha,
kaya dudu ujar ira,
pan tan swarténg kapti,
ndikapan angshanna ungu,
angetagging madhu-bratta,
munggwi wiwara anganti,
Dyah anglung langha asmu guyu. 61.

Prapta sri Béko Gandasari,
aptin ira acchamanna,
Sang Dyah asalan unggwan,
sumembah Sang prapti,
Sang sinembah sigra muwus,
sira Sang Hyang sinembah,
pareng alangguha Nini,
106a | Sang Dyah mendek sarwya awotsantun.
62.

Pareng alungguh ring panti/
ammadapa,
asring kinarangan,
Seng Sri matuh nuli amuwus,
dun anak ingsun Nini,
aywa siraha warang—nala,
rengwakna wuwus ingsun,
kramanning dumaddya,
ndah tan simpang kang wisthi,
mangké lama siru mungguh,
ana ring agran ing gunung. 63.

asuwye dén-ye anganti kakang/
ira,
ring banwa Werawan,
pinenden-kula kewuwus,
sira sinudé kapti,
ndan Sang tangis asmu wirang,
sarorwan tangis tumungkul,
marmmara angucap,
pgat-pgat dénnirangling,
singgih Sang Sri Nrepawwadhu,
tan sukka mangsul Pukulun. 64.

Tuhu wruh ta ingsun NIni,
mulan ing wirang ing nala,
dén irangdoh lumaku,
pinindan ing wini,
duh mangké kaharep ingsun,
ginandyanning lakun nira,
wantunnan ing abawa laki,
punang kamédi bhawwa linakun. 65.

Asalin aran sira Nini,
anamma panji Wargasmara,
106b|Kén Bayan sira anamma,
Si Rangga Tangguli,
Sanggit nama Lembu Ungu,
Pasiran Misha Katrangan,
Pangunengan Kuda Mlati,
Dyah Puspha Jiwa mwang Puspha/
Santun. 66.

Yata waduni kamédi kinarwwanan,
Sang inajnyan anuhun,
mangké sang atapi,
adyus maring welehar,
sigra pareng ya umangsul,
tur munggah ring pahoman,
jumaya-jaya sang putri,
winastwan sidan ing laku,
awusan sinung pasusuguh. 67.

Asalin basahan laki sopa-/
cara,
tinattha alangu,
tuuli sira amuhun,
sumembah ing binih,
Sang sinembah araha angucap,
lumaku sira Sang arum,
moggha siddéng lampah,
Sang Dyah lumaku aris,
alon déra lampah turun,
anutting sukunning gunung. 68.