Kaca:Kidung Panji Sumirang Or. 19.586.pdf/85

Saking Wikisource
Kaca puniki sampun kauji-wacén

KIDUNG PANJI SUMIRANG, GERIA GDE BALAYU. 83

104b | Partha-yajnya dén kahiring,
lumekassakna kang dhadhap,
pan sira wus pratamma,
sumindanning ajurit,
Sang inajnyan asmu guyu,
sarwwi amecikking laras,
prasaumma pareng angingkis,
sroninn-ya ngrawit,
lwir jangga lumung. 53.

Ngadeg sarwwi amecikki,
sampur-sampur manglé skar,
ajnya ya kinarang-karang,
arumpuk kang sari,
pantes dén-ya anglikung,
tngahn-ya ros mambetta madapha,
katon kang suswarupit,
n-yuh danti érang arjja magemuh. 54.

Tumindhak ya kasirirring kén-/
kénnira,
sinulamming suwarnna,
katon rurusning pupu,
katekéng wentis,
sumlang anolih pantes amanis,
uryyanning siphat luhur,
tinrang ing mas drawwa,
tumut jenun-ya awilis,
émbeh rasmi kucur ing banyu,
lwir gendhing gubar gamuruh. 55

105a | Sumyok pasurakking camara/
kanginnan,
ana ring geger alangu,
angadwaken lulut,
amgéng kasih,
pinrang ing pudhak nahen raras,
tengeran mirah lumaju,
punang wyalla-puspha,
tinut sinwam jininjring,
ési turidda jayéng rumrum,
leleh ing twas sahajur. 56.

Prasamma arsha angliring,
tiniban raggha turidda,
mukshahi twas tan pajiwwa,
ndan Sang lwir Ratih,
liwar sukéng twas anulu,
lengleng lwir pratimma ratna,
ingembannaning masaddi,
Leleh ing twas winarnna alumpur.
57.

Ndan awussan sammalinggih,
punang Kaka-kakan nira,
wonten Dyah Manniking Raras,
puji wruh ing kawi,
warnnan ira tuhu ayu,
sinawang ya manglé sekar,
epatra Dyah anglung ragi,
prapta atur cinaggha ungu.
58.

Marekkanguswaken manisning/
wacanna,
Déwa Sang srin ing rumrum,
Lihat rumrumning ungu,
mwang campakka wilis,
105b | anggrat madhu mwang/
cindaggha,
yan tan ring wéni pukulun,
amalampah sanmatta,
ring Sang murtin ing manis,
muré mrebuk rumrumning gadung,
yan tan sin mungguh ring gelung.
59.

Marmman ing marek ing Ratih/
angatphadda,
partha-yajnya kalulut,
wyakti tan pasiring,
pamrih Sang Hyangning Kusumma,
pangidep ingsun pukulun,
dén sih Hyeang mekera,
prapta nglanglang karasmin,
jaruman ing tatit,
guruh suksma,
ring jaladda mendung. 60.