Kaca:Kidung Panji Sumirang Or. 19.586.pdf/92

Saking Wikisource
Kaca puniki kavalidasi

KIDUNG PANJI SUMIRANG, GERIA GDE BALAYU. 90

112b | Radén Narantakka kinokih,
sudira sira pinampang,
Sang rwa nitir amabad,
kadgann-ya tinangkis,
Radén Wiraprabha sinuduk,
tumut Radén Sudarshanna,
sinuduk dé asta kéri,
karo pjah rudira anembur. 109.

Sri Pudak Sategal runtik tur/
maring arsha,
angunda tomara,
nitihi kudda jamus,
123a | Sang Wira inungsi,
dinuk Radén Surantaka,
sri Panji gipih tumulung,
Sri Natta angucap,
“Baya iki ngaren Panji,
apkik temen warnannmu,
éman rupa ambek dhudu. 110.

Sri Kundhawijaya prapti sa-/
kéringan,
tumrajang kekudda,
asru dén-ya amuwus,
rebuten wong iki,
agé mangké sun dén tigas,"
Sira Panji amuwus,
“Lah sakarep ira,
nora sun angésemi,"
Krodda Sang Natha angrebut,
sira Pnji ngunus dhuwung. lll.

Anamma Si Kala Mitani,
munchar apwin-ya dumilah,
anggres nalan ing satru,
kudann-ya Si Rangga Ranggit,
wnang lakunn-ya mingsor maluhur,
gambira dén-ya anggrugah,
anokot lwir mreggapatti,
Sang Natta karo anreng mangrebut. 112.

Karo kuddan-ya ngideri,
sira Panji anyakra,
karo tinangkis pharang ira,
multak tibéng siti,
lumumphat karo mlayu,
linuddi panasning kadga,
tinut tinebah ring gigir,
113b | tar wisti amleg turangga/
layu. 113.

Mungkur rodus tan panolih/
lwir mrebaggha,
Sang Naténg Lasem prapta,
nitihi diphak agung,
tinrajeng déra Panji,
dinungkap liman kawewegghan,
Sang Natta multak umundhur,
kang liman tinigas,
bonglot sri Narapati,
pjah kang Liman pinupuh,
balan ira mungkur rudus. 114.

Akwéh pjah winahan wini gi-/
nalah,
pinreng ring deddalan,
sésan ing pjah anungul,
magké praptang latri,
aluwaran punang yudda,
sira Panji we mangsul,
maring pasanggahan,
kuneng Sri Narapati,
katrini sira hemmapupul,
angheb sor ing ambulu. 115.

Wus putus phangulih-ulih,
aptin nire anungkulla,
ring sira Sang lwir smara,
angaturaken putri,
sampun sira angutus,
umundang ing anak ira,
ndah tan paturu sawngi,
épuh wngis nora mangan anginum. 116.