Kaca:Kidung Panji Sumirang Or. 19.586.pdf/75

Saking Wikisource
Kaca puniki kavalidasi

KIDUNG PANJI SUMIRANG, GERIA GDE BALAYU. 73

91b | Sang Dyah kalih asmu waspha,
Wus amit Sang Natta,
sira Panji asung,
sigra lumampah
kang rawi wus tabeh asti. 91.

Sira Panji angucap,
92a | Duh yayi katiggha
pareng maring kuwu,"
Anut Sang inajnyan,
pareng sira lumaris. 92.

Prapta ganjaranning ajurit,
sopacaranniira ginugon,
prasamma munggah ring wésma,
tumut asalin basahan,
prapta kang tadhah asri,
nulya nadhah Sanga Panji,
kang wong prasama asukan-sukan,
sira Panji kalaron,
tan sah sumlap ing liring,
sira Dyah Candrakéranna. 93.

Tannasari munggah sguling,
Sumekking citta kalaron,
nuli angineb lawang,
kang wong wruhi césthakara,
rep ndah tan wani angeling,
Sanga Panji laranangis,
sasambat ira anudut chitta,
“Dhuh mas ingwang lalu lalis,
tolihen ingsun Pangéran. 94.

Yadyan ping saptanyadma,
acatwa turidda,
recep ikang ayu,
sira Pangéran,
usaddanning wong ngakingking. 95.

Lawan kesah ing sadda gati,
amranga raras,
rajuman ing atur,
92b | tangisning bramara,
akusah-kusah ing sari. 96.

Sadinna inatti-ati,
mananmatanniréng klangon,
talyan sira atmsjiwa,
sasarinni pranajnyanna,
ndah tan luhya inisthi,
pananmattan niréng karasmin,
maka jampyan ing larati bara,
akusah angol wirangrong,
tinutting branti,
tan mari angajap tawang. 976

Timbira wus dawuh asti,
tan mari lara angépon,
mangké gumantya rahinna,
muni satta karunna,
sira Panji umijil,
Rengga Wiradda sigra prapti,
tinut sakwéh wong kaprecaya,
sira Panji ngucap alon,
"adandan mangké lumaris,
umungsi ring Citrakutta." 98.

Prapta Radén wirantaka,
sira Panji ngucap,
“Mangsul arin ningsun,
ngong ngamurang lampah,
satiba para lumaris". 99.

“Singgih Sang suksma ring nala,
nis kranna kang ngujar,
ingsun amkul suku,
93a | satiba para,
dyastu apwara wassyanti." 100.

adandan sira lumaris,
gumuruh lakun ikang wong,
tabeh-tabehan ghumitta,
sira Panji lumarap,
tumut tang putri kalih,
Radén Wirantaka tan kari,
prasamma alungguh ring wahanna,
kang bala papalayon,
ndah tan kewarnéng margi,
prapta ring kenanna-wélla. 101.