Kaca:Kidung Panji Sumirang Or. 19.586.pdf/37

Saking Wikisource
Kaca puniki kavalidasi

KIDUNG PANJI SUMIRANG, GERIA GDE BALAYU, 35

43a Anangis Sri Mahadewi,
sun tumut saparan ira,
dadyan teka ring antaka,
papareng wasyanti,
pawongan nira ya tumut,
wuwus nira abyagattan,
aningset bhranda jatti,
sopacarann-ya wuwus pinupul. 71

Ring Rumerus umijil lampah/ira,
norana wikana,
sok rakriyan apatih wruh,
aptin-ya umiring,
sampun anuruh ing wadwa,
amemengi sira lumaku,
anut lampah sang dyah,
kuneng rahaden dewi,
wus adoh dewa lumampah nusup.
ring pringga jurang trejung. 72

Alesu raden dewi-anyar-lumampah,
wetning atimbira,
araryyan ering sor ing ungu,
washa njrih anangis,
aku shah-ku shah sireng lemah,
sri mahadewi amigul,
43b duh mas mirah ingwang,
liwar tan sih ing widdu,
ndi sangkannan tan anmu ayu,
raden dewi kahantu. 73

wong ira samma ananghis,
amkul paddasi kantakka,
sesambat amladpranna,
duh dewwa sang alalis,
age anglilir pukulun,
tuhu shih ing wong klaran,
sri mahadewi anjrit,
sambat-sambatn-ya anggras ing tanu. 74

Duh mas ingsun sira nini,
anglilira atmajiwwa,
paran polah sira mannira,
suka angemassi,
lah dudutten den asru,
sidda suka anastapa,
papareng sira mini,
kang wong anangis umyang gumuruh. 75

pring bumbang umuni aris/anarawang,
lwir milu kalaran,
walangkrik muni ring parung,
kugkangn-ya anitir,
tabang-tabang anarawang,
sumyok ing camara gumuruh,
ring lambung ngecala,
lwir tumut makingking,
mangke praptang pawanna tumempuh,
44a sang dyah sinusur ing tanu. 76

Angilir raden dewi anguspwa/waspa,
tur aminta sdah,
sri mahadewi amkul,
tuhu shih ing widi,
mangke inudanan amrettha,
twas ingsun sira mahungu,
suka kang [...],
mangke mukshah kang wengi
unun ing satta karunna umung,
sattawanna anembur. 77

Brahmara umung ring sari,
rurun ing puspa tan pantara,
anukanning twas ira sang dyah
prakriyan patih prapti,
marekking rahaden galuh,
sang ahyu angucap,
mangke prapta wwa patih,
pattennana ingsun denta asru. 78