Kaca:Kidung Panji Sumirang Or. 19.586.pdf/36

Saking Wikisource
Kaca puniki kavalidasi

KIDUNG PANJI SUMIRANG, GERIA GDE BALAYU, 34

41b Dyah Candrakeranna inung-/si,
singgih den sihan nira kaka,
ngorupi ana-anakkan,
sira wruh ing Aji,
ngong rare mahapunggung,
suka mangkunak-anakkan,
Dyah candrakerannangling
sun seshanning sinering puniku. 63

Mangke sira kedwahapti ngoru-/ppanna,
punnang putra-putran,
ndah tan suka yan ingsun,
sang milaku nangis,
tur mara ring sirebun nira,
sira liku amuwus,
lah manengha sira,
wong ika shih ing widdi,
lintang shih ira sang mahaprabhu,
42a asambawwa puniku. 64

Karungu dera N drepati ikang/ujar,
kaya piniringhan,
wetning gunna sumaput,
ulangunnung buddi,
sinaputting kamma dursila,
gadgdda sira tumurun,
ambawwa cipakkan,
Dyah Candrakeranna mungsi,
duh nini nak-anakkan puniku,
sungana ya puniku. 65

Kedwa tan pasungha nini,
ngong apti ngulumpunganna sira,
tan paweni sira lumarap,
sang dyah lara nangis,
marsek ing waspa tumungkul,
pgat-pgat denn-ya angucap,
yan tan sih sri bhupatti,
ring wong lara ndah tan pahibu. 66

Bcik pjah ana den aglis,
sigra katmu ring pitan ningwang,
yan sampun ingsun antaka,
alap kang santawari,
mangka lingn-ya muluh rempuh,
ndah tan awlas sang natta,
sigra sampun ginunting,
wran ing weni sugandann-ya marum. 67

42b Gumingsir Sri Bhupati/tan ana welas,
ri siranak ira,
wiseshan ing gunnanaput,
sang dyah anangis,
aku sha-khushah sireng kemah,
sri mahadewi ambrul.
jumbuh laran nira,
lalu tan sih ing widdi,
den iranmu lara lwir guntur,
ngong apti tumut lampus, 68

Pawongann-ya anangis aku sah-ku sah,
tandruh rehan nira,
twan dewi tan sah pinekul
tan mari anangis,
sambat-sambat amladpranna,
para pola ira,
suka mangke gumingsir,
wran ing kesarjja wuwus pinupul,
ring saluha mmapupul. 69

Rahaden dewi anangis,
aptin nira umintara,
pgat-pgat denn-ya angucap,
tuhu bibi ashih,
mangke ta ingsun amulus,
sati baparan ing lampah,
43a ayastu atmah patti,
suka ingsun amegil ering gunung. 70