Kaca:Kidung Panji Sumirang Or. 19.586.pdf/67

Saking Wikisource
Kaca puniki sampun kauji-wacén

KIDUNG PANJI SUMIRANG, GERIA GDE BALAYU. 65

81a/Jumujug sang lwir smara,
ring sor ing wandira,
kang wong samma uru,
wetning nora nidra,
nalusur nglila anglari. 7.

Anna mukti sarwwa palla,
kinendimah ring awan,
lwir asung pasuguh,
supala akrah,
rurunn-ya aglar ing siti. 8.

Kawong samma suksméng kapti,
81b|amukti langseb mwang limos,
palawira ring jujuttan,
palapungkur welandang,
garundut dwetta manis,
sungsung guyunn-ya binukti,
sira Panji ngucap alon,
ih kitta paramantri,
mangké adan dan lumampah. 9.

Lumaku tta sira Panji,
anunggang wahana kawot,
Rangga-Ranggit naman ira,
wruh ring yogganning siksa,
gumuruh bala lumaris,
jurang predung wus kahirid,
prapta siréng wanna katanggaran,
lumampah siréng pantrajon,
angungsi labwan ukir,
prapta siréng labwan-lalang. 10.

Alamma déra lumampah,
tuwek adé Candra,
dadi tta jumujug,
ring wira-jenggala,
wanna-sidayu paminggir. 11.

Retwanning wanna jagraggha,
sira Panji ngucap,
ingké akuwu,
akrah sarwwa pala,
talun banyunn-ya tiwreddi. 12.

Sira Patih ami singgih,
aglis mangun akukuwon,
awiyar talunning lalang;
82a|umangun iyasha dinapak,
wangun-wangunnan-ya pring,
mahelet-elet pager pring,
wuwus atut sopacaréng pura,
kang bala akukuwon,
pindrenah ing panawi,
dadi kalumbrah kang wretta. 13.

sri Karawira angapi,
maring si dayu jinupog,
asari tta lampah ira,
wétning rentang ing nala,
wus prapta ring negari,
kacunduk Sri Narapati,
agunitta ring sang paratands,
Sang Natta ngucap alon,
kamayangan prapta yayi,
ingké parene alungguha. 14.

Alungguh ring singhasanna,
Sri Wisnu angucap,
singgih arin ingsun,
Sri Surantakka,
ndi karshanta mangké yayi. 15.

Ri praptan ing duratmaka,
wuwus angawé kutha,
retwan ing wanna iku,
ina wagghatta,
ingsun mwang sira yayi. 16.

Angling Sri Suradipati,
ih mangké kaharep ingong,
sigra ngawé caranila,
akon agé gumingsira,
yan tan aptinn-ya ngombali,
82b|lurugen aja gigisin,
sirnna gempung tekéng wadwan nira,
Sri Wisnu ngucap alon,
ingong tuhu ami singgih,
sigra lumampah kang ditta. 17.