Kaca:Kidung Panji Sumirang Or. 19.586.pdf/50

Saking Wikisource
Kaca puniki kavalidasi

KIDUNG PANJI SUMIRANG, GERIA GDE BALAACYU, 48

59a Madeg prasamma wong akmit,
wong paran kita amondong,
sang tinanyan angucap,
mami wong Kahuripan,
aywa sira angalangin,
kroda wong kuta-Waringin,
59b artha-benda prasamma piné-/gghang,
umung wong nempuh akaron,
arurek tan gingsir,
akwéh nembung ing gagawan. 74.

Raden sudarshanna mulat,
kang wong garawalan,
amleg turangga-layu,
tur maring arsha,
katon wong akwéh awisthi. 75.

Radán sudarsshanna ngucap,
sapa amranghan,
marmman nira kawus,
kang wong angucap,
singgih wong kuttha-Waringin. 76.

Raden Sudarsshanna runtik,
angunus duwung angepok,
dinuk wong kutta-Wandira,
akweh lara kacurnna,
Rakriyan Apatih tuntik,
anunggang kudda lumaris,
Rahaden Sudarsshanna kapapag,
sigra ngucap sapa iko,
kaya wong angesemmi,
mara cidra wong lumampah, 77.

Sira Kriyan Patih gung-runthik,
iya ujaré wong iko,
mangké yan tuhu prawira,
60a pamenning ing kadganta,
samma wirodda kalih,
sawề atanding kawanin,
padda wiranitih iswasiksa,
wahanna sawut akuyengan,
angresi ati,
paprangé padda logghawwa. 78.

Asuwya akungkih pranna,
sinep saké ringan,
Raden sudarsehanna dinuk,
rudirann-ya mancar,
tiba sira sakáng waji. 79.

Runtik Aradán Prawangsha,
sira Dmang amapag,
samma angunda parung,
padda prawira,
kalih angerasinghati. 80.

sira Dmung anudingi,
ah iki wani iringoneen
Raden Prawangsha angucap,
adamma sun ajriha,
ring rupa kaya iki,
sira Dmung agung aruntik,
marawasha shigra ya amerang,
Raden Prawangsha jumog,
tangkis ira aramping.
aprang wira ya akuyengan. 81.

Raden Prawamgsha kagingsir,
gindrek pinrang ya linakon,
60b kna ta ya gigir ira,
apasah pwa ya binubat,
aniba sira wasyanti,
Badén Mayang ajrih tan panolih,
kang bala akweh sumamburat,
prasama ya anungkul,
sampun erakwa wus prapti,
ring Rajya kutta-Waraira. 82.

Radán Panji sigra ngucap,
ih wong Kahuripan,
paran darmma iku,
amwat arta-benda,
mulé-mulé mas-manhik, 83.

Sawur sembah Pangalassan,
singgih sasuhunan,
aptin nira Sang Prabhu,
Dyah Candrakéranna,
winarangieraden-mantri . 84.