Kaca:DASA PANDAWA.pdf/19

Saking Wikisource
Kaca puniki kavalidasi

18. Rinarah atur dhesa, alas gunung, sampun inentasan sami, akweh ikang ranta wadhu, sami padha kaduhkitan, krana sira, tan milweng lampah sang prabhu, Sri Salwa mojar, kitatur watek bhupati.

19. Kon para padha pametua, warah aku, anganti maring pamingging, sang winuwusan lumaku, Sri Narendra wawang mangkat, saha bretia, wahana padha lumakuh, sampun snadha kandhalandha, kumarutug lwir jaladhi.

20. Tan kawarna maring awan, laku ngidul, sighra dhateng ring paminggir, araryan mangan anginum, angeraken para natha, ndah titanen, Sri Suretah Magada prabu, awangga susena natha, kalingga Sri Bajrapati.

21. Singgala Sri Koparaja, Dharma Ketu, sira sang natheng Kawanti, kadahatan manah sungsut pan sira mantri Widhura, ikang jagat sinlating Mandhara iku, lampahnia turuting Salwa, sajnyania ring Hastineki.

22. Ring cedhi Sri Sima Natha, watek kuru, sang Sugandha yan papapasih, utara dhurmaka prabu, siradining para natha, lor ing Gangga, seka ring Mandhara prabu, sampun lampahaning bala, kumarutug lwir jalanidhi.

23. Akandha-kandha ring lampah, hana laku, hana nunggeng kuda hasthi, len turangga siandaneku, samipadha abhusana, ya ingmasan, bek dening sarwa ratneku, lumrang prabasinasinang, kumelab kinenyar ing rawi.

24. Tan warnenan ring awan, watek ratu, wus dhatheng ring paminggir, Sri Natha Salwa amuwus, singgih dewa para natha, ndah rungunen, pasamadana nirengsun, syapa sida malahana,yeku yogya kang siniwi.

25. Padha suka amiarsa, kang praratu, wawang sira lumaris, sampun adum-duman laku, ngadokana ikanang wadwa, padha nira, lampahing bala kumucap, lurugen ikang Hastina, Salwa dhurmitaning sengit.