Kaca:Kidung Panji Sumirang Or. 19.586.pdf/40

Saking Wikisource
Kaca puniki kavalidasi

KIDUNG PANJI SUMIRANG, GERIA GDE BALAYU, 38

46b Adyus sira raden dewi,
ri wus nira anunggar romma,
sinurawanning payassan,
katon kang wiwarnni,
romma mletik kang ginumpung,
47a kumenyep sira ring nala,
apti akendit laki,
tur angling kabayan sira lumaku. 95

Pametana anggyan laki sopa-/cara,
ken bayan lumampah,
wur prapta ya ringngsuk,
rupan nira nggrawit,
adodot pwa ya sutra kembang,
apaningset lungsir murub,
kampuh sutra-syamma,
tinrappan ing mas-adi,
apinggel kanakaro sumunung,
mapanekes lungsir ungu. 96

wong irasmu guyu angling,
tuhu warnna pakan nira,
winimbann-ya rikang cicitran,
anut ering dantawari,
sang dyah [...] guyu,
mangke den ashiha sira,
tumut abawwa laki,
silin ing anembah asmu guyu. 97

Mangsul sirra raden dewi,
sri madewi kapapag,
asmu guyu angling,
tuhu sirapti anulus,
pantes anggrangsuk ing bhushanna
atut anungkellang kris,
raden dewi angucap asemu guyu. 98

kaharep ingsun bibi tan ka-/gindalla,
anggrangsuk shopacara,
wijnyeng kakung pinupu,
wetning manghamulat ing suputra,
tan paweni,
malar-malar shihan ing iyang,
suddan ing ajnyayeng panggrus,
yata ya ginuya,
47b Sri mahadewi angling,
raden panji smirang namman nireku,
rawong ira adulur. 99

ken bayan anami mahisha-ruditta,
wetning tameng gitta,
sanggit kuddawira iku,
tuhu anut kapti kborancanna ken/pasiran,
panunengan lembuhepuh,
tan doh sira kembar anamma wiro-/dangding,
mangka lingn-ya tumut erahaden/galuh,
sampun asalin buku. 100

raden panjismirang angling,
rakriyan patih mereneha,
kaya kamagghan mulat,
ringsun abawa laki,
duh singgih kapuhan ulun,
misharuditta angucap,
singgih pagurwwa mami,
susunglappan kang bhawa puniku. 101

wetning anyar anandang ikang/bhushanna,
akeput linakwan,
sidda sinudanning tanu,
den lampah umiring,
48a sira kriyan patih angucap,
atut bini ujar ireku,
wetning bawan nira,
baya shihan ing widdi,
suksman ing twas ingsun andulu,
sang apanji asmu guyu. 102