Kaca:Kidung Panji Sumirang Or. 19.586.pdf/32

Saking Wikisource
Kaca puniki kavalidasi

KIDUNG PANJI SUMIRANG, GERIA GDE BALAYU.30

36b Ndayang ana laku durgatti,
wething subalati-wiryya,
wuwusning sopacara,
kang wong lara wwisti,
Dyah Candrakeranna pinkul,
Sasambatn-ya mladpranna,
Sri Naranatta angling,
duh nini atmajiwan niringsun. 31

Tolohanni ingsun bini atmajiwwa,
aywa warang nala, papareng lara sahumur,
yan tan sideng kapti,
pjah sang angdan ing kabaran,
nora ngong sukadiprabhu,
pinundut kang laywan,
Raden Dewi anjrit,
nehen pinangku dewa Sang Prabhu,
sigra lampah gumuruh. 32

Umung tangis wong ing puri,
lwiy kabaran,
mbarung swaranning mbrak,
mwang uninning paramanuk,
lwir mimisiki,
kang laywan wus prapteng panceka,
wuwus putus iya kinubur,
ingideran kembang,
pinager ing nherawatti,
37a ndan Sri Naranatta, andulu,
Ni Lku ya tan tumut. 33

Muntab krodda Sri Ndrepati,
yaya tankna inampettan,
sigra mangsul maring pagrehan,
kang twek kinanti,
awurwuran kang wong tumut,
sigra prapta ring pagrehan,
inunus tuwek aglis,
apti mjah ing wong mremba-mahulus. 34

Sira Liku nakgateng wisthi,
winatek kang spah wus,
wus sinuksma ring karang gulu,
rinerebbam unggwanning spah uni,
Sri Narendra tumanduk,
mukshah ruktik anggrawanna,
twek tiba rikang siti,
mardawwa ngucap asmu guyu. 35

Duh mas ingsun Dyah Ari atma-/jiwa,
enti anak ira,
sang inajnyan amuwus,
ring natar manglari,
lintang sukka Sri Naranatta,
wuwus sumilem Hyang Banu,
munggah ring pambraman,
suptaraseng ati,
nuneng sang ing pancakka winuwus,
akundah ring tpin ing kubur, 36

37b Wong ira samma anangis/ dagan nira,
Sang Dyah lwir kabaran,
sambat-sambatn-ya umung,
malah sret anangis,
aku sah-kusah sireng lmah,
mangka lingn-ya amuluh-muluh,
singgih ibun ingwang,
dudutten den aglis,
sidda sinuddan ing lara antu,
angdan ing sidda apupul. 37

Duh lalu tan sih ing Widdhi,
amiddayakanning kalaran,
syapa sunghana sumuka,
tinilar ing bibi,
lah duduten jiwan ingsun,
makapanu dan ing lara,
duh tingallanna bibi,
jumbuh larangkwan erikang negantun 38