Kaca:Kidung Panji Sumirang Or. 19.586.pdf/17

Saking Wikisource
Kaca puniki kavalidasi

KIDUNG PANJI SUMIRANG, GERIA GDE BALAYU. 15

17a| Lwir mang sang wruh ing Aji/ring atitta,
ngong wimudéng rasha,
mupak shama Hyang Mahulun,
sok mattraling ing Aji,
sumembah ring Sang Hyang Ecala,
sawiddiwi dannawuwus,
sopacaréng puja,
nulya ngarasmretti,
17b| lumampah alon-lonnan lumaku,
mulat rumning sakacakshu. 112.

Katon Widara anginggil,
cumattra wiwaréng séla,
gurunda yakrah lumarap,
swarann-ya kumrincing,
lẇẇr gantangungkung alangu,
pangumek-umek ing tuban,
pujann-yarja gumereh asri,
omma wisudda ring jron-niranu. 113

Kalayang angalik-alik,
lwir cattran nikang jenggala,
mungguh ana ring kretta kawat,
ana ta sumur gali,
sunirmala banyun niku,
iringanning tuban sendang,
banyu kumba anggrawit,
akwéh iwak angingjing ing banyu. 114.

Akredung tepin ing warih kang/alalang,
bilulwa dederan,
pamarantinganning manuk,
anyidra iwak ing béji,
attangkura njrah asinwam,
bilulwaké temwang parungpung,
akrep ikang tanjang,
prapta ring tangked-kedis,
jumog maring pamuteran iku,
18a| sumilem Sang Hyang Bhanu. 115.

Ana banyu katrinni mungguh/ring sendang,
panas grah sanunggal,
Hyang Gangga Saraswati Sindu,
tuhu aminda ring bhummi,
pakenning Hyang Jagatnatta,
suyasha irikang banyu,
pamurnnanning lara,
tuhu yan shih ing Widdhi,
siddanning urip waras,
tinemu sigghra layar lumaku. 116.

Ring pagemettan inungsi,
ana sumur ya sanunggal,
lwir thaladwaja umimba,
pinager ing sari,
érawati rara tuntun,
asri ya kinarang-karang,
kang layar sigra lumaris,
prapti ring banyu panas puniku. 117.

Ana rakwa mreggapatti,
katrin-ya pinggir ing sendang,
tinon dénning wong parapora,
anuli lumaris,
nusup ring wannadinulu,
mangké wong prapta ring sendang,
kang juragghan amét warih,
wus prapti sigra ya amuwus. 118.

Duh singgih Sang Mahamuni mné/rikapan,
18b| sira apti adyussa,
wétning ratrin-ya kalalu,
wasittanni mreggapatti,
sampun siragé kattaragghal,
Sang Muni amuwus arum,
ih paman juragghan,
mangké kaharep mami,
tur tumurun lumampahtan asru,
Sri Natta-sutta dumulur. 119.