Kaca:Kembang Rampe Kasusastraan Bali Purwa Wewidangan I Buku II.pdf/80

Saking Wikisource
Kaca puniki kavalidasi

73

  1. Begawan Wrespati kwarni, ngambu olahaning angsa, kongas gandanika reko, kasor gandane kang menyan, dadia mingo Begawan, ang ambu olahan iku, nulia angling jroning nala.
  2. Kasori gandania iki, menyan ingobor punika, dening olah-olah mangko, endi ngene iku baya, lan apa kang den oleh, lan wong olah-olah iku, lan endi ngene angolah.
  3. Sapa baya wonge iki, angaweh balaning kala, kongas gandaning olahe, Begawan Wrespati gembang, kapengin tingalira, ya tan pinaranan asruh, baya endi prenah neka.
  4. Asru denira ngulati, elor ambune punika, pinaran maring lor mangko, kidul ambune punika, kidul sirangulata, kulon ambune punika, asruh denira pinaran.
  5. Pinaran kulon mangkeki, wenten ambune punika, pinaran wring wetan mangko, tan ana kapanggih sira, Begawan ewehing tuas, baya endi enggonipun, yen tan kapanggih punika.
  6. Tan urung edan ing mangkin, yan tan kapanggih olahan, kalawan kang drebe mangko, baya endi prenah neka, moga kapanggih ika, Begawan nulia lumaku, kresane walia ring wesma.
  7. Begawan alon lumaris, arep amantuka sira, tan adoh ing ngene reko, lan greha unggwaning tapa, lumaris lampahira, menga-mengo siralaku, dadia mangke katingalan.
  8. Nulia pinaranan aglis, dening Begawan Wrespatia, ing ngene kang ngolah mangko, ing jroning sesawi ika, dadia Begawan prapta, ring ayunira sang ayu, I Dewi Sundari Bungkah.
  9. Begawan atania aris, "Duh Nini wong endi sira, angolah angsa ing kene, saking endi pinangkanta, lan sapa haranira, duh wong ayu warah ingsun, mas mirah jiwitan ingwang".
  10. Ni Sundari Bungkah angling, lwir madu juruh amembah, suarane amanis alon, "Singgih Sang Maharsitapa, ikingsun anak ira, Sang Naga Gini winuwus, ingsun anilari praja".
  11. Begawan Wrespati angling, "Punapa marmane kesah, anilari