Kaca:Kembang Rampe Kasusastraan Bali Purwa Wewidangan I Buku II.pdf/79

Saking Wikisource
Kaca puniki kavalidasi

72

  1. inguang, sira ingsun amu-amu, kang dadi kembanging natar.
  1. Trengengene ingsun iki, sira panglipuring nala" sang putri aris ujare, "Ibu manira tan arsa. karaning ingsun tan arsa, tan sambada rupan ingsun, paran rupan ingsun biang.
  2. Asare kalawan linggih, ulan kalawan manusa, iku tan arsa iringong, biang aja dukacita, pasti tan arsa ingwang, alaki lan ula iku, genti mangke kawarnaha".
  3. Ni Sundari Bungkah kawarni, tan ica turu lan daar, tan sah angrusak ragane, ing latri tan sah karuna, lunga ti laring praja, anutuh sesriranipun, sesambate amlas arsa.
  4. Anggawa angsa sawiji, tan angetang pringgabaya, wanagung kalintang mangko, monggah tumuruning atga, manjing metu ing warna, lumakwa anjujur gunung, sakarsan areren sira.
  5. Hana ing froaing sasawi, irika ngene rerena, satengahing wana mangko, heca denira rerena, Dewi Sundari Bungkah, sira nyembleh angsa iku, nulia ingolah-olahan.
  6. Henengakena sireki, sira sang brangta angarang, wenten ta kocapa reko, saking gelising cerita, wenten genti kocapa, Bagawan Wrespati iku, ikang kacaturing gita.
  7. Punika purwanireki, dina pepitu punika, Begawaniku mulane, ardbi lan Dewi Soma, aputra roro sir, lanang wadon putranipun, istri ngaran Dewi Sukra.
  8. Putrane lanang puniki, akakasih sira Buda, Begawan Wrespati teko, lekinira Dewi Soma, lunga maring patapan, angobong menyan Sireky, maring Sanggar kabuyutan.
  9. Tan kena minge sireki, aneda ing Sanghyang Tunggal, sawiji mangke kresnane, tab hana lian kang katinggal, mangkana tingkahira, Begawan Wrespati iku, genti mangke kang kocapa.
  10. Ni Sundari Bungkah kawarni, ing jroning sesawi ika, nulia nambleh angsa reko, nulia ingolah-olah, nulih binakar sira, kongas gandane punika olah-olahaning angsa.