Kaca:Kembang Rampe Kasusastraan Bali Purwa Wewidangan I Buku II.pdf/78

Saking Wikisource
Kaca puniki kavalidasi

1.23 GEGURITAN SUNDARI BUNGKAH

Puh Semarandana

  1. Kasmaran nyitra amuji, aryang Brahma raditia, unggwaning wiku tan panglong, kapati brahmarangrarah, anana kaprapancan, Hyang Naga Bayu anemu, purwakan ikang cerita.
  2. Naga Gombang lanang iki, Naga Gini ikang kania, saking jroning laut reko, aumah jroning segara, punika purwa neka, purwa ceritane iku, Naga Gombang Naga Ginia.
  3. Naga Gopita karihin, Naga Gombang apuputra, lanang sawiji putrane, awasta Naga Pratala, Naga Gini ta sira, apuputra istri ayu, sajagat norana mimba.
  4. Wadananira lwir sasih, purnama kreti kang padang, lir madu juruh manise, awasta Sundari Bungkah, wenten mangko kocapan, Naga Gombang kang kawuwus, lan Naga Gini punika.
  5. Naga Gombang angling aris, maring Naga Gini ika, "Naga Gini sanak ingong, yan sawai karsaningwang, karep ingsun ing sira, yen bener ujar iringsun, yen sisip lah sampuraya.
  6. Lah ta mangke karsa mami, yen sanawi kresanira, Si Naga pretala mangko, karep ingsun temunana, kalawan anakira, lan Sundari Bungkah iku, yen sawai kresaningwang.
  7. Upamane karep mami, akumpul manah manira, ajana kapisah reko, ingsun kalawan ing sira, aja pegat asanak'", Si Naga Gini awuwus, abener ujarireka.
  8. Ya ta wus sama kang kapti, Naga Gini kawarnaha, ataken ing anaknialon, "Lah ta nini huruhanira, sira nini alakia, lan Naga Pretala iku, apan ku sanakira".
  9. Saha kang tinari angling, amuwus sambil karuna, "Eh Biang tan payun ingong, alaki manira Biang, lan Si Naga Pretala, angur matija katengsun, kang lamon pinaksa ika.
  10. Pira ta laraning pati, ingsun asuduk sarira", ya ta ibu niangling alon, "Ih Nini aja mangkana, mas mirah anak

71